Kabar Saka Kota Pudak

Kabar Saka Kota Pudak
Kabar Saka Kota Pudak
Cipt. Agus Genzy
Terbit: mata-peristiwa.id
(Verse 1)
Srengenge njedhul ing sela-selane cerobong pabrik
Langkah sikil nrajang awu, ora nate nggresula
Saka pesisir lempung tekan mulyorejo sing apik
Golek pawarta, nggowo amanah dadi kuli tinta
Senajan kringet teles, mripat kudu tetep awas
Ngawal bener, nulis fakta, ora pareng was-was
(Pre-Chorus)
Dudu mung mburu “deadline” sing nggontekne ati
Nanging mbelani rakyat sing kepingin dadi siji
Ing kene, ing bumi Giri, janji wis dadi pati
Jurnalis Gresik, luhur ing budi, tulus ing bakti
(Chorus)
Ooo… Jurnalis Gresik, ojo nganti lali
Swaramu dadi padhang ing tengah wengi
Saka Sunan Giri tekan Maulana Malik Ibrahim
Nuliso nganggo ati, ojo mung melu-melu musim
Senajan panas ngethang-ngethang, udan teko nggrujug
Semangatmu kudu tetep dhuwur, ora pareng ambruk!
(Verse 2)
Mlebu metu gang sempit, ngrungokne sambate wong cilik
Nulisi crito babagan iwak bandeng lan uripe buruh
Ora wedi gertakan, ora kena diiseni dhuwit sithik
Integritas dijogo, senajan raga ngrasa lungkrah lan luh
Kabar sing bener iku dadi tambane ati
Kanggo mbangun Gresik, ben dadi kutha sing mukti
(Bridge)
Kamera dadi mripat, pena dadi gegaman
Lawan kabar bohong, dadekno kenyataan
Percoyo marang Gusti, dalane mesthi diparingi
Jurnalis sejati, rakyate mesthi nresnani!
(Chorus)
Ooo… Jurnalis Gresik, ojo nganti lali
Swaramu dadi padhang ing tengah wengi
Saka Sunan Giri tekan Maulana Malik Ibrahim
Nuliso nganggo ati, ojo mung melu-melu musim
Senajan panas ngethang-ngethang, udan teko nggrujug
Semangatmu kudu tetep dhuwur, ora pareng ambruk!
(Outro)
Terusno makarya, ojo mundur senajan sak jangkah
Kanggo Gresik sing luhur, muga dadi berkah
Pena landhep, ati mantep…
Jurnalis Gresik… Majuo tanpa kendhat!

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *